Jumat, 26 September 2014

TEMBANG JAWA

CONTOH TEMBANG JAWA

1. Bapak pucung-
    dudu watu dudu gunung
    sabamu ing alas
    ngon-ingone Sang Bupati
    prapteng marga-
    si pucung lembehan grana (gajah)

2. Bapak Pucung-
    amung sirah lawan gembung
    padha dikunjara
    mati sajroning urip
    mijil baka -
    si pucung dadi dahana (penthol korek)

3. Bapak Pucung-
    dudu tampar dudu dhadhung
    dawa kaya ula
    penclokanmu kayu garing
    prapteng griya
    si pucung ngetokne cahya (kawat listrik)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar